Selasa, 26 Agustus 2008

Duh GUSTI lorone ati iki

kulo lare wadon asli kalibaru,banyuwangi.
sekolah teng jember sing namine SMKN 1 JEMBER,lan kulo mundhut bidang multimedia,sakniki sampun kelas kaleh.

kulo sakniki trisno kale tiang jaler
sing ganteng rupane lan bothen wonten tandingane.
naminipun,sam hadi,
sakniki sami sekolae tapi mriku sekolah teng SMKN 1 KALIBARU.

kulo pengen sanget ngelanjutaken sekolah teng POLTEK JEMBER.
masio kulo niki boten sugih tapi kulo pengen kuliah.
kulo ngeh pengen majuaken usaha roti lan donat ibu
supoyo biso dadi perusahaan ageng.
niku cita-citanipun ibu kulo.
sakniki ibu kulo lagi gerah,
ibu ngidap tumor tulang teng suku kiwone.
penyakit ibu kulo sampun menjalar teng lambung lan teng paru-parune.
tirose dokter ibu boten saget disembuaken,
tapi kulo percoyo teng gusti ALLAH,
masio rasa lara ning dada tapi kulo harus tegar ngadepi hidup.
meh mawon kulo putus asa
tapi kulo sadar wong sing putus asa niku boten disenengi gusti ALLAH.

sing kuato ati kulo,
"sing abot ning dada dadio seabot wulu dara".
cuma niku sing kulo bejo teng awak kulo.
kulo niki sering ngucuraken banyu mata sewaktu masalah kulo pun ageng.
kulo ngeh sering ngucuraken banyu mata
nek kulo ditinggal kalian tiang sing kulo sayangi lan kulo trisnoi.

"sepiro gedene sengsoro teng awak kulo
mung cuba dugi sing gawe alam semesto".

ibu, bapak, adik,lan lare jaler niku mung dadi boneka dunyo.
kulo mesti sabar ngadepi urip,
sebab kulo urip mung urip gawe sing duwur,sanes sopo-sopo
yo mung gawe GUSTI SEMESTO ALAM